Bapak
/
Ora nyana ora nglegewa,
Pituture mbiyen kae saiki dadi kasunyatan,
“urip kuwi prasaja wae le, nanging kudu duwe niat utama”
Pituture bapak dak eling-eling seprene
Wiwit kuncung nganti gelung
/
Senadyan mbiyen uripe durung begja,
Malah kepara sekeng lan ngrepotne tangga
Ora mundur sejangkah anggone nggulawenthah anak bojo
“aku yo bisa urip kaya kae lan dheweke”
Ing sedya supaya kaya sakpadhane
/
Bapak……
Senajan rada kecingkrangan panguripane,
Nanging isih duwe pengaji,
Kang disuyudi brayat akeh,
Ngelmune wong urip….
Panemu kang utama…
/
Bapak……
Sak pungkurmu ing desa iki,
Kaya sapu sada kang wis ilang suhe,
Kaya pasar kang wis ilang kumandhange,
Kaya kedhung kang wis ora ana iwake,
Kaya pertapan kang wis ora ana kyaine
/
Bapak……
Pakartimu jebul luhur pranyata,
Kabeh pepinginanku lan adhi-adhiku,
Keturutan datan ana kang kacicir,
Sanadyan mbok gendhong,
Sanadyan mbok indhit kabeh sesanggeman
/
Bapak….
Amung donga saka anakmu,
Rinten dalu tansah mbanyu mili,
Jumbuh amal bektimu,
Tinampa ing allah gustimu,
Kasuwargan jati panggonanmu
/
Lingkar Utara, Nov 2020
/
Omah Pinggir Desa
/
Wis sawetara wektu
Omah pinggir desa minangka saksi
Rina wengi kanggo papan ngabekti
Marang gusti ora lirwa
Mring kulawarga tetep rineksa
/
Wis sawetara wektu
Omah pinggir desa dadi paran para
Esuk sore para kadang kadeyan ingkang samya
prapta
Uluk salam mangkya adangiyah wicara
Rumaketing paseduluran kang wus lumrah ing
tanah jawa
/
Wis sawetara wektu
Omah pinggir desa dadya pepingine nala
Nadyan lingsir wengi dadi srana bawa rasa
Nadyan gagat enjang tetep bisa ngumandhang
Panjerite ati kang suci lumantar daya sastra
/
Wis sawetara wektu
Omah pinggir desa dadya titikan brayat
Nadyan ketiga ngerak utawa rendheng betheng
Nuju ari anggara palguna tumeka
Olah budaya anguri-uri warisane kaki nini
/
Wis sawetara wektu
Omah pinggir desa dadya pratandha
Ora owah ora gingsir senadyan akeh panggodha
Tetep semuru ndulu bisa uwal ing bebendu
Murakabi mring bangsaku lan negaraku
/
Lingkar Utara, Nov 2020
/
Tunggak Jarak Mrajak
/
Ing wayah esuk jagone kluruk,
Pratandha wis ndungkap rahina,
Nara kisma wis siyaga makarya,
Nggarap sawahe….
Jroning batin ngunandika…
“e muga-muga antuk parimarmaning hyang
agung”
/
Ngger anak-anakku,
Bebasane wong nandur bakal ngundhuh iku ,
Wis dak lakoni siyang pantaraning ratri,
Ngupakara ulu pawetu,
Kang awujud beras lan pari
/
Pasemon kang kudu sliramu candhaki,
Taruna ngungkulana bapa,
Senadyan abote kaya ngapa,
Wong tuwa ora bakal suwala,
Muga sliramu urip mulya,
“senandyan nandhang papa ora dadi
kuciwa”
/
Ngger anak-anakku,
Gamanku pacul garu lan luku,
Pangudangku bisa tumiba wahyu,
Sliramu kang nampa kabegjan kamulyan,
Kanggo mbayar rasa rekasaku
/
Wong tuwa bebasane kadya wit jarak,
Ora ono pethingane…
Merga isih kalah karo wit jati,
Nanging janma limpat seprapat tamat,
Wit jarak bisa mrajak ngungkuli wit jati,
Amarga linambaran ikhlas anggone bekti
/
Lingkar Utara, Nov 2020
/
Leave a Reply