Cerkak, Eko Wahyudi, Solopos

Kuntul ing Sawah Kuwi Wis Mati

5
(1)

Udane sigeg sadurunge Subuh. Nanging, isih ke prungu swara pating tlethik sisa-sisa banyu udan kang nampeg gegodhongan. Lemah pekarangan lan dalan-dalan desa uga isih ngecembeng.

Kalen-kalen kang tumuju sawah sajak megap-megap glagepan ngilekake banjir cilik-cilikan. Bubar ana program PNPM seka Pamarentah sawetara wektu kepungkur kae, saben-saben mangsa rendheng tumeka, ora ana meneh banyu ngecembeng. Udana sewengi, esuke wis asat. Kaya esuk iki, kena dipesthekake mengko yen srengenge wis njenggelek, mesthi ilang banyune.

Tenan, budhalku menyang kantor kaya adat saben. Jam 06.00 WIB kudu wis metu saka ngomah. Anane pageblug iki bisa luwih longgar. Dalan-dalan gedhe sepi kendharaan lan bocahbocah sekolah.

Cetha kabeh pakaryan kudu ditandangi ing ngomah utawa saka ngomah nggunakake jaringan Internet. Ning kocapa, dadi pegawe tetep ajeg ngantor. Bot-bote leladi bebrayan agung masarakat.

Metu gang wetan ngomah, sesawangan ketemu sawah kang jembar gilar-gilar. Watese ana grumbulan wit-wit kang adoh parane. Samburine grumbulan wit kuwi ana punthuk gedhe cacah loro.

Wong-wong lumrah ngarani Sindoro lan Sumbing. Pangerten kaya kuwi uga daktularke marang anak-anakku. Mung sing ragil sajak rada ndregil, takon endi sing Sindoro endi sing Sumbing. Wangsulanku Sindoro sing kiwa dene Sumbing sing tengen.

Bener orane ya embuh. Ing atiku krasa was sumelang, senajan pitakonan sepele yen luput bisa dadi gawe. Aku dhewe pancen durung cetha benere sing endi. Ing sawah kang uga kembeng-kembeng banyu udan iku gawe adhem sesawangan. Mesthi bae kanggone sedulursedulur among tani. Tanggatanggaku kang meh kabeh nggaota dadi tani. Dadi bisa enggal-enggal nggarap sawahe.

“Cekrek!” unine hape kang mentas dakenggo motret manuk kuntul kang padha mencok ing galengan. Jejer-jejer sapirangpirang. Manuk-manuk kang anteng iku dadi sesawangan edi. Dina iki, tahun iki lan tahun-tahun kawuri rasa-rasane suwe ora mrangguli sesawangan kaya iki. Mula daklegake motret. Gambar banjur daksebar ing grup Whatsap “Kanca SMA”.

Baca juga  Daun-Daun Ketapang

“Wong mung kuntul bae ndadak dipotret.” aloke Gandhung, kanca akrab kang saiki dunung ing Kalimantan. Meh saben wayah ngobrol ing hape iki. Ya iki bedane sesrawungan dina saiki. Sing adoh dadi cedhak, sing cedhak disandhing malah arang-arang sapa aruh.

“Elok, isih nemu gambar kuntul bro!” pengaleme Pur, kanca kang saiki padha-padha ngenger ing Pamarentahan kabupaten walet iki.

“Kuwi gambar asli apa mung donlotan?” senggake Agus sing ana Jakarta.

“Nek ora ngerti mbok aja maido Gus?” aloke Narti sing isih ajeg ana ngomah ing kutha gudheg. Saploke mbojo oleh Pulisi ora nerusake kuliyah. Cukup ngrumat anak bojo, pengakune wektu padha ketemu ing media WA iki.

“Aku mung takon dudu maido Ti.”

“Halah, wong gaweyanmu apa-apa dipaido. Entek-entekane mengko rak maido.”

“Sing penting gayeng lan ora salah nulis, tetep kuntul. Hahahha…” saute Agus cepet lan ngarah ing tembung kang kurang prayoga. Narti oa mangsuli meneh. Nanging kirim gambar sirah menjeb.

Gunem gayeng kuwi garagara gambar kang dakkirim. Sakehing komentar kuwi nembe dakbukak bareng wis tekan kantor. Sedawane laku, hape ing sak pancen krasa klunthangklunthing lan kedher gawe keri dhadha. Mesthi kanca-kanca padha nggape sing werna-werna, batinku.

“Sejene gambar asli asilku motret ing sawah wetan ngomah, kuntul kuwi ngemu surasa Lur.” tulisku mangsuli sapirang-pirang komentar.

“Saru apa ora Ko?” takone Agus kang seneng angger nyangkut bab-bab kang lekoh.

“Lho, saru piye. Kuwi rak manuk, endah disawang, apameneh ngepasi langit sumilak mentas udan, ana gunung cacah loro dadi gambar mburine. Piye, endi nggon sarune?”

“Wis, aku wis maksud. Orao diteruske mesthi gunemmu tekan saru-saru Ko.” Pur langsung nram bul gunem.

Baca juga  Witing Cidra Jalaran Saka Kulina

“Aku wis suwe ngrasakake kahanan kang ora karu-karuwan iki, apameneh ketambahan pageblug corona. Yen weruh manuk kuntul mesthi kelingan tembang holoppis kuntul baris. Coba dirasakake, iku sejatine dudu mung tembang lumrah. Nanging ajak-ajak tandang gawe. Cancut taliwanda. Sengkud gumregut. Ki Narto Sabda seniman kang titis ninthingi kahanan.”

“Wah…wah, aku ora gaduk, dhuwur temen omongmu Ko.” Gandhung nyelani

“Kuntul ana sawah, baris, golek pangan bebarengan. Rukun. Apa kang bisa disinau?”

“Suwe ora sinau, mumet, kesel, wis kowe bae sinaua Ko!” komentare Narti.

“Ngene, ayo digagas, saora-orane kanggo awake dhewe. Biyen, Bung Karno anggone ajak-ajak mbangun negara iki nggunakake tembung “Holoppis kuntul baris”, bebarengan nyambut gawe, gotong royong kanggo nggayuh kamulyan bebarengan uga. Lha saiki piye kahanane? Akeh cengkah panemu, rebut bener, rebut donya. Piye tumanggape masarakat lingkunganmu yen ana sing nembe kesusahan, bingung ngadhepi corona kang ora marimari iki. Sokur yen isih apik.” cep, obrolan malah sigeg. Wah, iki dadi ngguroni.

Rasaku malah dadi ndakwa kanca-kanca kok ora pener. Ya wis ben, aku melu mandheg. Hape daksak meneh. Wancine tandang gawe.

***

Esuk iki, kuntul-kuntul kuwi mencok meneh ing sawah wetan ngomah. Ajeg anteng. Mung cacahe suda, ora akeh kaya wingi. Dakwaspadakake, malah dakpreloke nyedhak. Kuntul-kuntul kuwi mabur. Mesthi bae wedi. Nanging isih ana siji kang keri. Kahanane gawe nggrantese ati. Ora melu mabur lan ora bakal bisa mabur, sebab gumlethak ing galengan kanthi godras getih tatu bedhil ing dhadhane. Kuntul kuwi wis mati. Dakpotret, ora dakkirim ing obrolan grup meneh. Nanging dakpasang ing status WA kanthi katrangan “MUGA-MUGA DUDU PRALAMPITA PATINE RASA MARANG PEPADHA”.

Baca juga  Lelaki Jempolan

Sejam candhake, hape kedher, pratandha ana kabar anyar mlebu. Kabar pribadi kanthi tenger swara bel muni sepisan. Nomer anyar, durung kacetha jenenge.

“Kok ya mentala, aku kelingan andharanmu wingi bab manuk kuntul gayutane karo tandang gawe lan gotong-royong. Mugamuga ora ana pihak kang kepengin gawe rusak lan congkrah.” ngono komentare. Bisa dakpestheke saka kanca SMA, nanging sapa. Ah! Ora prelu dakseja.

Kebumen, 5 Desember 2020

Eko Wahyudi. Nulis guritan lan cerkak ing maneka media. Manggon ing Kebumen, aktif gabung ing komunitas Lisong (Lingkar Sastra Gombong) lan KSGK (Komunitas Sastra Giri Kawedhar) Wonogiri

Average rating 5 / 5. Vote count: 1

No votes so far! Be the first to rate this post.

Leave a Reply

error: Content is protected !!
%d bloggers like this: