Cerkak, Naufal Bahauddin Wafi, Solopos

Witing Cidra Jalaran Saka Kulina

3
(2)

Swara bel ana Stasiun Balapan sore iku ora ing mandege, kaya rasa sumelange Sulipah marang Nardi. Dheweke isih sumelang manawa Nardi bakal kepincut marang kanca kuliyahe, amarga bocah loro kang wus sesandhingan suwe iku bakal padha-padha kuliyah ananging beda kutha, Nardi ing Solo lan Sulipah ing Jogja. Wesi rel kang ora tau anyep uga ora beda kaya rasa tresnane Sulipah marang Nardi senadyan ora tau ana kabar nalika Sulipah butuh.

“Kok iya tegel temen… kudune dina iki sampeyan ana ing sandhingku Mas, ngeterake aku ngasi wancine munggah sepur. Lha kok ngeterke teka parkiran wae ora! Iki dina awake dhewe pisah sawetara Mas! Awake dhewe sawise iki amung isa ketemu telung sasi pisan Mas, iku wae menawa sampeyan gelem ketemu Mas!” wus ana sak jam anggone Sulipah udur-uduran karo Nardi ing telpon amarga Nardi ora gelem ngeterake menyang stasiun.

“Sepurane tenan dhik… aku dina iki ora isa ngeterake sliramu, amarga isih akeh gaweyan kang kudu dakayahi saiki.”

“Pancen bener Mas… bener kandane kanca-kancaku, sampe yan ora isa dijagakake nalika aku butuh. Jane sampeyan gawa pelet model apa??? Kok aku ngasi isa kedanan marang sampeyan? Kamangka aku wus bola-bali sampeyan pilara bab ati!” “Aku ora ngono dhik…”

“Ttutttt,” wis kaya lumrahe wong wadon, Sulipah ora gelem krungu alesan saka Nardi nalika regejegan, banjur telpon mau dipateni. Kadadeyan kaya mangkene wus saben dina dilakoni bocah loro mau. Ukara “wong wadon ora gelem ngalah saka wong lanang” kayane tumrap ana ing kabeh sesambungan tresnane wong lanang lan wadon ana ing jagad iki.

Wis kaya lumrahe saben dina, bocah loro iku ora ana kendhat anggone regejegan. Senadyan saben dina regejegan, ananging bocah loro iku tetep langgeng uga regejegane amung sedhela.

***

Ana ing satengahing wengi nalika rembulan sumorot endah manis ngungkuli manis eseme Sulipah kang awit sore disawang Nardi ana ing telpon video utawa video call. Rai bocah loro iku kang ngebaki layar HP wus kaya cecak lan rembulan, Nardi kang ana bagus-baguse beda karo Sulipah kang ayune kaya Dewi Ratih, nganti-nganti wong loro mau kaya bebasan cecak nguntal rembulan, utawa ora mungkin bakal kedaden. Kanca-kancane Sulipah kadang isih bingung, kepriye ceritane biyen, wong kaya Nardi isa oleh atine Sulipah. Tambah Sulipah kang dawa ususe wus kenemenen, dheweke wus bola-bali ora digagas Nardi lan ora atine ora tau leren dipilara Nardi nanging dheweke isih wae tetep tresna marang Nardi.

Baca juga  Nyaur Taun

“Mas… aku nduwe pangenthaentha nalika mbesuk sampeyan wisuda, aku arep teka, senadyan sampeyan uwis karo wong liya, aku tetep teka Mas, titik,” ucape Sulipah sesasi sadurung dheweke mangkat menyang Jogja.

Pancen Jogja lan Solo iku cedhak, ananging durung mesti bocah loro iku mau ana wektu kang longgar kanggo ketemu marang siji lan sijine. Apa meneh Nardi, nalika dheweke lan Sulipah isih saksekolahan, Nardi arang banget, utawa isa diarani malah ora tau ketemu Sulipah. Saka kono, Sulipah lan kanca-kancane cubriya manawa Nardi duwe sesambungan tresna marang wong liya.

“Kena ngapa Mas awake dhewe ora tau ketemu? Kamangka awake dhewe isih saksekolahan! Durung mengko nalika awake dhewe kuliyah, mokal awake dhewe ketemu saben dina yen kaya mangkene carane!” pitakone Sulipah embuh amarga nesu utawa saking kangene marang Nardi wong kang ora tau menehi kabar lan angel dijak ketemu.

“Anu dhik… aku isih akeh gaweyan ana kene dhik, uga anu dhik… aku jagani supaya awake dhewe ora zina. Zina kuwi dosa dhik,” Nardi semaur lan wedi salah tutur, amarga dheweke ora tau ngomong bab agama. Nardi kagolong bocah kang brangasan, ndugal, lan mbolosan ana ing sekolah. Amarga kuwi, wagu saupama Nardi ngomong bab agama ing ngarepe Sulipah bocah kang pinter ngaji, selawat uga anak ustaz.

***

Kaya ukara “Witing tresna jalaran saka kulina ” Kurang luwih rong sasi Sulipah ana ing Jogja, dheweke wus tresna marang kutha kang “istimewa” iku. Ora amung kuthane kang ditresnani Sulipah, uga ora amung kuthane kang “istimewa” miturut rasa atine Sulipah. Ana ing Jogja Sulipah ketemu kanca saka kelompok kuliyahe kang gemati marang Sulipah, gelem ngeterake Sulipah wirawiri ana ngendi wae.

Baca juga  Siul Secangkir Kopi

Yadi yaiku jeneng bocah kang miturut rasane Sulipah, luwih “istimewa” saka jeneng kutha dheweke kuliyah. Menawa disandhingake karo Nardi bab gemati, Yadi luwih gemati malah-malah tanpa duga kira. Tambah meneh Yadi lan Sulipah kerep ketemu amarga panggon fakultas bocah loro mau amung sesebrangan, Yadi lan Sulipah suwe ning suwe kulina ketemu, siji lan sijine mesti ana nalika padha butuhe.

“Mas Nardi… aku sumelang Mas, neng kene ana bocah lanang kang nduweni sipat seneng marang aku Mas. Aku wedi saupama dheweke piyepiye marang aku, kamangka aku lan dheweke sak kelompok. Aku emoh metu-metu saka kos Mas yen kaya ngene carane, pokoke aku wegah cedhak wong anyar ing kene Mas, aku wedi Mas. Ana kene lingkungane uga medeni, pokoke aku wegah metu saka kos Mas,” tangis lan sambate Sulipah marang Nardi ing salah sawijining wengi ana telpon.

“Aja ngono Dhik, sliramu ora kena tumindak kaya mangkono, kowe ya kudu gelem srawung karo wong anyar, saka kono kowe isa nemu apa kang diarani relasi. Relasi iku penting lho Dhik,” semaure Nardi, amarga dheweke wong kang ora isa nga tur-atur hak bocah.

Sabubare oleh telpon saka Sulipah, rasa sumelang kang rong sasi wingi ana ing atine Sulipah, sawetara langsung pin dhah ana ing atine Nardi. Dheweke sumelang amarga ana wong kang luwih kulina nalika ana ing sandhinge Sulipah. Nardi duwe kepinginan mangkat menyang Jogja ngampiri Sulipah kanggo nebus kaluputane nalika biyen ora tau ketemu lan ora enek wektu kanggo Sulipah. Ananging kepinginan iku amung sewates krenteg ana ati, dheweke ora isa lunga menyang Jogja amarga duwe gaweyan ana ing salah sawijining warung kopi ing cedhak omahe. Nardi kepingin nalika dolan utawa jajan bareng Sulipah ora nganggo dhuwit wong tuwane, dheweke isin menawa dhuwit saka wong tuwane kang goleke rekasa, amung kanggo seneng-seneng marang wong liya. Amarga kuwi Nardi ngayahi gaweyan ana ing warung kopi cedhak omahe, lan amarga bab iku Nardi arang banget utawa malah ora tau ketemu Sulipah.

Baca juga  Lelabuhane Heni

Suwe ning suwe kang diarani “kulina” mau jebul bener isa thukul “tresna” ana ing atine Sulipah, uga suwe ning suwe kang diarani “cidra” thukul ana ing atine Nardi.

“Saiki wis sak karepmu wae Dhik, wiwit saiki kowe miliha wong kang rumangsamu paling pas kanggo atimu,” unine chat saka Nardi kang amung diwaca Sulipah.

Ora nyana ora ngira, ati kang adhem, ayem, tentrem ditinggal sakedhepan isa kesrempet mawa panas. Wus samesthine bakal kobong, kaya ukara ana ing salah sawijining tembang kagungane Swargi Didi Kempot “Iki ati du du geni”. Nardi amung isa lemes karo nyekel HP kang oleh kiriman saka Wati.

Kurang luwih rong sasi saka chat kang amung diwaca Sulipah iku, Nardi oleh kabar saka Wati nalika Sulipah gawe status ana Whattsapp. Isi status Whattsapp iku ora liya yaiku potone Sulipah lagi dolan ana ing Tebing Breksi uga sesandhingan karo Yadi, foto iku ana tulisane kang nganggo basa Indonesia “Sejak ada kamu, planingku berubah < 3.”

Pancen bener “Witing tresna jalaran saka kulina” ananging luwih bener “Witing cidra jalaran saka kulina”. Saking kulinane Nardi nglarani Sulipah, dheweke kang bakal nampa cidrane saka Sulipah. Ananging amarga kang diarani “kulina” isa uga jalari kang diarani “ jeleh” kena ditunggu wae bakal ana apa ora kang diarani “ Witing jeleh jalaran saka kulina”.

 

Naufal Bahauddin Wafi. Sutresna Basa Jawa mapan ing Gandurejo, Gemolong, Sragen, Jawa Tengah.

Average rating 3 / 5. Vote count: 2

No votes so far! Be the first to rate this post.

Leave a Reply

error: Content is protected !!
%d bloggers like this: