Cerkak, Kedaulatan Rakyat, Ki Sugeng Subagya

Pak Guru

Pak Guru - Cerkak Ki Sugeng Subagya

Pak Guru ilustrasi Joko Santoso (Jos)/Kedaulatan Rakyat

4.8
(5)

Cerkak Ki Sugeng Subagya (Kedaulatan Rakyat, 10 Desember 2021)

ASMANE Pak Banun, penjenengane guru SD. Wasis lan nyenengake carane mulang. Kejaba pinter ndudut kawigatene murid nyinau wulangan, penjenengane uga dadi tetuladhan budi pekerti luhur.

Rawuh ing sekolahan nitih pit onta. Saben dina rawuhe gasik banget. Luwih gasik tinimbang para murid teka ing sekolahan. Meja lan kursi papan lenggahe Pak Banun pancen tumata asri lan resik. Menawa lagi miyos seka kantor tumuju kelas, ana wae sing digatekke. Dluwang suwekan sing ndleder pating sliwer mobal-mabul dipundhuti terus dibuwang ing pawuhan.

Ing sawijining dina ing nglatar ngarep omahku, biyungku lagi sapa aruh marang Pak Banun.

“Ibu, kenging punapa putrane sampun ageng kok boten dipun sekolahaken?” pitakone Pak Banun.

“Sekolahane tebih Pak, boten wonten sing ndugekke. Menawi mlampah, mesakaken,” wangsulane biyungku apa anane.

“Saumpami kula utawi wonten tiyang sanes ingkang ndugekke kados pundi Bu?”

“Wah, punapa penjenengan kersa Pak? Ning nggih kula pikire rumiyin. Mangkih kantenane kados pundi pemanggihe bapakne gendhuk.”

Biyungku jan-jane kaget, geneya ana guru sing durung tau wanuh tawa-tawa arep ngeterke sekolah aku. Kamangka krungu rembug mau atiku seneng. Menawa ana sing ngeterke tegese aku bakal sida sekolah kaya pepenginanku.

Ora akeh bocah sapantaranku ing desaku sing wis sekolah. Ora merga niyate pancen ora gelem sekolah, ananging kagawa dening kahanan. SD paling cedhak karo papan dunungku udakara limang kilometer adohe. Ngliwati alas, bulak, lan tegalan sing dalane durung becik. Dalan cilik ora rata sing nggregel-nggregel yen diliwati. Menawa mangsa udan lemahe mathol tur lunyu. Senadyan bisa diliwati pit ontel, iku mung turut pliritan.

Baca juga  Jurang Kinemulan Pedhut

“Yu…, anakmu arep sekolah pa minggu ngarep?” pitakone biyunge Darsini marang biyungku.

“Lho, sapa sing kandha?” Biyungku genti takon mangsuli pitakone biyunge Darsini.

“Esuk mau Pak Banun, mampir omahku. Penjenengane nawani supaya Darsini disekolahke merga umure wis luwih seka pitung taun. Menawa gelem, mengko bakal dipethuk lan diterke sekolahe. Diboncengke brayut Wulan anakmu.”

“Telung dina kepungkur pancen Pak Banun tindak mrene. Aku ditawani supaya nyekolahke Wulan. Penjenengane kersa ngampiri menawa budhal sekolah, lan ngeterke mulih menawa wis bali seka sekolahan.”

“Terus kepriye, Yu. Disekolahke apa ora?”

“Menawa mengkono becik disekolahke wae. Wong anakku ketoke seneng sekolah.”

“Ya wis, wiwit Senen ngarep Pak Banun kareben methuk lan ngeterke Wulan karo Darsini sekolah.”

Aku karo Darsini kelakon sekolah diterke lan dipethuk Pak Banun. Ora dadi ngapa diboncengake pit onthel brayut. Atiku seneng tanpa rasa was sumelang. Menawa dalane nanjak utawa ndronjong sing nguwatiri, aku karo Darsini tetep lungguh ana ing boncengan pit. Pak Banun mudhun seka pit, sepedhane dituntun.

Tau kedadeyen nalika ngepasi mangsa udan. Esuk wayahe bocah-bocah budhal sekolah kahanan terang ndrandhang. Mendhung sethithik wae ora ana. Langite biru neges tanpa semburat. Angin ngidit sumilir ora marahi kekes, ananging malah nyegeri. Senadyan isih esuk, srengengene wis sumelet mrebawani hawa anget.

Tan kocapa, wayahe bali seka sekolahan. Mendhunge ketel njegadul. Sisih kidul rada adoh, thathit pating cleret genti gumanti. Seka kadohan keprungu suwarane gludhug jemlegur gumaledheg. Aweh tengara udan deres bakal tumurun.

Dimen ora kodanan, aku, Darsini, lan Pak Banun cekat-ceket tata-tata enggal arep bali mulih. Semonowa apes ora bisa ditulak. Tekan tengah bulak, bres udan deres tumurun. Pak Guru Banun mudhun seka pit.

Baca juga  Jangan Sebar Rahasia Kami

“Kowe bocah loro, tetep ana boncengan. Mantol iki mbok nggo kudhungan.” Pak Banun ngendika karo ngrukubi Darsini lan aku nganggo mantol.

“Nggih, Pak,” wangsulanku karo Darsini ora suwala.

Kena dipesthekake, Pak Banun mesthi teles klebes. Penjenengane mung ngasta mantol siji, wis tak nggo kudhungan karo Darsini.

Dina bacute aku karo Darsini nunggu pethukane Pak Banun. Ananging nganti jam setengah wolu penjenengane durung rawuh. Malah Pak Carik sing rawuh neng omahku. Ngendikane Pak Carik, Pak Banun dina iki ora bisa tindak sekolahan. Penjenengane gerah nggregesi. Kaya ngapa sedhihe atiku. ***

.

.

Janti, 11 November 2021

.

Pak Guru.

Loading

Average rating 4.8 / 5. Vote count: 5

No votes so far! Be the first to rate this post.

Leave a Reply

error: Content is protected !!
%d bloggers like this: