Ardini Pangastuti Bn, Cerkak, Kedaulatan Rakyat

Jantraning Lakon

Jantraning Lakon - Cerkak Ardini Pangastuti Bn

Jantraning Lakon ilustrasi Joko Santoso (Jos)/Kedaulatan Rakyat

1
(1)

Cerkak Ardini Pangastuti Bn (Kedaulatan Rakyat, 27 Mei 2022)

“MBAK, Ibu ora ana.” WA saka Pras, adhine ragil.

Sadhetik Airin ora bisa kumecap. Lambene kaya kekunci mati. Mripate pet-petan. “Ibu…” Mung kuwi wangsulane marang Pras.

“Mbak bisa bali, ora?” WAsaka Pras maneh.

“Biiii… bisa. Ning aku ora yakin bisa tekan ngomah dina iki,” wangsulane Airin tetep liwat WA. Arep tilpun wedi swarane ora bisa cetha merga atine dikebaki maneka rasa.

“Yen ngono mengko Ibu dibudhalake ora usah nunggu tekane Mbak Airin, ya.”

“Iya. Mbak pasrah Pras. Muga kabeh lumaku lancar.”

Sawise sesambungan WA karo Pras rampung, Airin langsung mlorot ing jobin. Awake lemes kelangan daya. Ana rasa gela kang nyocok ati. Ana rasa lara kang nunjes dhadha. Ing kalane ibune lara dheweke ora bisa tilik merga ekonomine lagi gonjang-ganjing.

Yen dianggo sedhih ya sedhih. Keparang grantes. Nanging Airin tetep tatag nglakoni urip jroning kahanan kecingkrangan kaya kuwi. Toh dheweke uga ora ngijeni. Akeh kancane. Merga saplok Pageblug Covid-19, akeh perusahaan sing padha kolap, akeh wong sing sakawit mapan saiki dadi miskin, sing maune duwe gaweyan maton saiki dadi pengangguran, kalebu Bram, bojone. Perusahaan papane bojone makarya kolap, karyawan diliburake embuh nganti kapan.

Kahanan kaya kuwi sing njalari Airin ora bisa langsung tilik nalika dikabari ibune lara. Merga kanggo bali ing desa klairane ragade ora murah. Minangka anak mbarep ora mungkin dheweke arep bali mung wong thok, ora nggawa apa-apa. Durung ngurus tes kesehatan sing ribet lan ragade uga ora murah. Senajan mangkono, niyat arep tilik kuwi tetep ana. Ngenteni sasi ngarep, sedheng cicilan utange ing bank lunas lan dheweke bisa nganyarake utang maneh.

Baca juga  Pelajaran Kedua dan Ketiga

Tanggal 1 persis, Airin nglunasi utange ing bank lan banjur ngudhunake utang maneh sing jumlahe luwih akeh. Rencana arep tilik ibune wis gembleng. Nanging Nana, anake sing mung siji thil kuwi ndadak nyela-nyela lara. Kena Covid-19 lan kudu isoman apese sepuluh dina. Dhuh, atine Airin krasa kaya dikruwes-kruwes.

“Ah, aku kudu kepriye?” batine Airin judheg. “Anakku lara, mbutuhake kawigaten, sauntara Ibu seda. Yen aku ora bali, apa aloke sedulur-sedulur lan tangga. Ning yen aku bali, anakku kepriye? Lan awakku dhewe uga lagi kaya ngene,” batine Airin maneh, saya judheg.

“Dhuh Gusti, keneng apa kowe kuwi, Dhik?” Bram sing mentas tangi turu kaget weruh Airin gumlethak ing jobin ruwang tengah. Dheweke enggal mlayoni bojone kuwi banjur dibopong, diunggahake ing sofa.

“Ibu, Mas…” Lirih swarane Airin.

“Geneya Ibu?”

“Ibu wis ora ana. Iki mau aku dikabari karo Pras.”

“Innalillahi wainnailahi rojiun… Sing tatag atimu ya, Dhik.” Atine Bram melu semedhot. Ana rasa salah kang ndhodhogi dhadhane. Minangka guru laki dheweke rumangsa durung bisa nyembadani sing wadon. Nanging ya kepriye maneh, kahanan pancen lagi kaya mangkene.

Pageblug Covid-19 sing kedawa-dawa wis ngejur ekonomi rumah tanggane. Biyen dheweke duwe pakaryan mapan ing sawijining perusahaan gedhe, ning wiwit setaun kepungkur resmi dadi pengangguran. Kanggo njaga pawon tetep ngebul, bojone dagang sprei, dijait dhewe banjur disetorake ing toko-toko. Nanging ya kuwi, asile durung bisa kaya sing diarep-arep.

“Aku bingung, Mas.” Lirih swarane Airin. Mbuyarake lamunane Bram.

“Aku ngerti karo sing kok pikirake. Atimu pengin selak bali, bisa nguntapake Ibu ing papan peleraman jati. Iya, ta?” tumanggape Bram kaya-kaya ngerti isi pikirane sing wadon.

Baca juga  Hape

Airin ora nanggapi. Dumadakan wae awake ndrodhog kadhemen.

Bram menyat, njupuk slimut lan banyu anget. Sing wadon banjur dislimuti rapet.

“Lha wong kahananmu dhewe kaya ngene kok mikir bali. Ora kok ateges aku kurang deduga marang wong tuwa, nanging sing wis ora ana ya ben sumare kanthi tentrem, sing isih urip wajib nggondheli nyawane aja nganti oncat kanthi muspra merga tumindak sing tanpa petung. Bener, nyawa kuwi kagungane Gusti, nanging manungsa sing kagadhuhan nyawa uga wajib njaga,” kandhane Bram akeh-akeh.

Airin ora nanggapi. Awake malah saya nggregesi.

Bram rada bingung nyawang kahanane sing wadon. Dheweke mbudidaya pikirane tetep bisa wening. Ana nyawa loro sing saiki kudu direksa. Nyawane anake lan bojone. Sapandurat dheweke kepikiran arep mlayokake bojone menyang rumah sakit, nanging ana rasa greg. Sebab saka kabar sing dirungu, ing rumah sakit pasien Covid lagi mbludag, bisa-bisa bojone mengko malah saya nemen lelarane yen ing kana ora enggal bisa ditangani kaya apa mesthine. Merga saking akehe pasien sing kapapar Covid-19 sing kabare wis bermutasi dadi luwih ganas.

“Ngombe obat ya, Dhik?” aloke Bram karo ndemek bathuke sing wadon. Krasa panas.

“He-em, Mas. Ning aku durung sarapan.”

Bram menyat menyang pawon. Baline wis nggawa sega sapiring karo tempe bacem sairis. Senajan cangkeme krasa pait, Airin tetep meksakake mangan. Dheweke sadhar, pangan kuwi minangka sumber kekuwatan.

“Ora usah digetuni banget-banget. Kahanan pancen lagi kaya ngene, dakkira sedulur-sedulurmu uga bakal maklum yen awake dhewe durung bisa bali,” ujare Bram kaya-kaya ngerti marang apa kang dipikirake dening Airin.

“Aku mung gela. Ibu gerah, durung nganti bisa tilik, kok wis seda.”

Baca juga  Pleseh

“Urip iki sawijining misteri. Ora ana wong kang ngerti kapan bakal tekane pati, kejaba wong-wong tinamtu sing oleh nugrahaning Gusti. Kowe ora perlu gela banget-banget, Dhik. Mundhak saya nambahi panandhangmu. Kowe kudu ngurusi anak lara, kowe dhewe uga lara. Mula saiki, cobanen berdamai karo atimu. Eklasna Ibu. Luwih becik ayo kita ndedonga lan memuji, muga Ibu diparingi lancar olehe bali sowan Gusti. Padhang dalane, jembar kubure,” pangarih-arihe Bram sareh.

“Iya, Mas. Muga-muga laraku enggal mari. Bali sehat kaya wingi-uni. Nana uga cepet sehat. Aku selak kepengin nyekar…” Lirih swarane Airin. Senajan ana rasa gela merga ora bisa bali, nanging Airin nyoba berdamai karo atine. Mbok manawa jantraning lakon pancen kudu mangkene, pamupuse nyoba pasrah. ***

.

.

Yogyakarta, Maret 2022

.

Jantraning Lakon. Jantraning Lakon. Jantraning Lakon. Jantraning Lakon.

 126 total views,  4 views today

Average rating 1 / 5. Vote count: 1

No votes so far! Be the first to rate this post.

Leave a Reply

error: Content is protected !!
%d bloggers like this: