Cerkak, Hidratmoko Andritamtomo, Kedaulatan Rakyat

Pawang Udan

Pawang Udan - Cerkak Hidratmoko Andritamtomo

Pawang Udan ilustrasi Joko Santoso (Jos)/Kedaulatan Rakyat

0
()

Cerkak Hidratmoko Andritamtomo (Kedaulatan Rakyat, 10 Juni 2022)

NALIKA udan deres, Guntur methuk Asih saka kursus njait. Kekarone ngeyup karo jagongan. Pitakone Asih, “Gun, udan ngene iki dadi berkah kanggone pawang udan. Bayare mesthi akeh wong akeh sing padha njaluk tulung.”

Durung diwangsuli dumadakan bledheg sora nyamber. Asih keweden banjur nutup kupinge karo merem. Nalika Asih melek, Guntur nyawang mendhung nuli drijine diobahke. Mendhung kaya binelah anjalari terang.

“Gun… jebul kowe bisa nyingkirke udan, sadurunge wis tau?” pitakone Asih.

“Durung tau. Aku ora ngerti lan kabeh ora dakjarag,” wangsulane Guntur.

Sawise terang Guntur banjur ngeterke Asih bali. Sadalan-dalan Asih mbacutke kandhane, “Gun, apike kowe dadi pawang udan wae. Bakal moncer lan bayare gedhe!”

Ngrungokake omongane Asih, Guntur mung meneng, atine kandha lirih, “Sajane aku ya pengin gek enggal cekel gawe terus bisa ngrabeni kowe, Asih.”

Satekane ngomahe Asih, Guntur banjur pamit bali. Asih nuli mlebu ngomah nggoleki bapake kepengin nyritakke kedadeyan kang dialami karo Guntur. Krungu critane Asih, Pak Harjo kang pinangka Lurah, ketarik nuli kandha,” Ndhuk sesuk kelurahan ana acara. Guntur jak mampir, mbok[1]manawa udan, pengin weruh carane nyingkirke udan!”

Dina candhake kaya biyasane Guntur mapag Asih. Asih banjur kandha, “Gun mengko aku diterke neng kantore Bapak dhisik ya, arep ngeterke dhahare.”

Satekane Kalurahan, akeh wong nglumpuk ing plataran. Dumadakan mendhung banjur udan deres. Asih mlayu menyang kantor, dene Guntur ing njaba. Ana kantor, Pak Harjo lan Asih maspadake Guntur saka cendhela. Nalika dideleng, Guntur ngenerke drijine. Eloke udan banjur binelah sumikir ngedohi plataran Kalurahan nuli terang.

“Waah… elok Guntur. Aku saiki percaya yen dheweke pawang udan pinilih. Kepeneran. minggu ngarep ing lapangan nganakake hiburan rakyat digiyarake TV swasta. Mengko Guntur akonen dadi pawang udan ya, Ndhuk!” prentahe Pak Harjo katon bungah.

Baca juga  Riwayat Monumen

“Nggih, Pak.” Cekak wangsulane Asih.

Sawise terang, Asih methuki Guntur. Ing ndalan Asih blaka marang Guntur banjur kandha, “Gun, kowe didhawuhi Pak Lurah, minggu ngarep dadi pawang udan ing lapangan!”

Guntur kaget, dheweke nuli wangsulan, “Aku emoh.”

“Yen ngono aku bakal kandha bapakku,” wangsulane Asih semu gela.

Ganti dina Pak Lurah langsung njaluk tulung marang Guntur nalika mapag Asih, “Gun, minggu ngarep kowe dadi pawang udan ya. Bab bayaran aja sumelang. Yen kowe kasil kowe bakal dakangkat pegawe Kalurahan lan dakparengke ngrabeni Asih.”

“Pak, kula dereng saged wangsulan saniki, badhe nyuwun idinipun Ibu.”

“Ya, tak tunggu wangsulanmu sesuk.” Pak Lurah nyaguhi.

Tekan ngomah Guntur nyritakake ngendikane Pak Lurah klebu bebana kang bakal ditampa marang ibune. Sawise krungu, Ibune ngendika,” Gun, Ibu pirsa kowe pengin enggal ngrabeni Asih, nanging Ibu sumelang awakmu nemahi kaya Ningrum, suwargi mbakyumu kang ora ana jalaran kesamber bledheg. Pinangka penget mula awakmu dak[1]jenengke Guntur.”

Krungu ngendikane ibune, Guntur mbrebes mili. Dhewekke banjur mikir ngeboti Asih apa kersane ibune.

Esuke Guntur nemoni Pak Lurah lan menehi katrangan, “Pak Lurah, nyuwun ngapunten, Ibu boten maringi idin, kula boten saged mbiyantu.”

Krungu wangsulane Guntur Pak Lurah duka nuli kandha, “Yen mangkono wiwit saiki kowe ora dakparengke nyedhaki Asih!”

Titi wanci tumekane hiburan rakyat ing lapangan, wiwit esuk mendhung peteng banjur udan deres. Pawang udan kang disraya Pak Lurah nyerah. Kanthi mangkono kepeksa hiburan ora bisa ditindakake. Pak Lurah bingung. Ora wetara suwe mendhung sumilak. Saeba senenge atine Pak Lurah acara bisa kagiyarake langsung ana lapangan.

Asih nuli nyedhaki bapake, “Pak kula ngertos bilih ingkang nyingkirke mendhung wau Guntur ingkang sesidheman wonten kebon sacelaking lapangan.”

Baca juga  Tersandar di Sialang Pasung

Sawise Pak Lurah krungu kandhane Asih, banjur sadhar marang kaluputane lan sesuk pengin methuki Guntur ing ngomahe.

Esuke Pak Lurah mara lan ditanggapi Guntur lan ibune. Pak Lurah banjur kandha, “Gun, aku njaluk ngapura, awit kaluputanku wis menging kowe nyedhaki Asih. Geneya najan dakpenging awakmu isih gelem ngewangi nyingkirke mendhung.”

“Sinten ingkang ngendika kula ingkang nyingkirke mendhung, Pak? Sedya awit kersanipun Gusti Allah,” wangsulane Guntur.

“Iya aku sadhar. Kabeh pancen kersane Gusti Allah lan kowe lantarane. Mula saka iki pinangka atur pangapuraku, wiwit saiki kowe dakparengke sesambungan maneh karo Asih, kepara yen koklamar saiki bakal dak[1]tampa. Saliyane iku awakmu bakal dakangkat dadi pegawe Kalurahan,” kandhane Pak Harjo.

Krungu ngendikane Pak Lurah, Guntur lan ibune seneng nuli ngaturke panuwun.

Tibaning dina resepsi Guntur lan Asih bisa sesandhing ing dhampar rinengga. Nalika iku papan pahargya ginrujug udan deres, Guntur wus arep satata nyepakke drijine, nanging dipenging Asih, jalaran jarene wong Jawa yen rabi nuli udan bakal nampa kanugrahan gedhe saka Gusti Allah sarta bebrayane bisa langgeng. Guntur nuli mesem karo nyawang bojone kanthi kebaking rasa tresna asih. ***

.

.

 127 total views,  3 views today

Average rating / 5. Vote count:

No votes so far! Be the first to rate this post.

Leave a Reply

error: Content is protected !!
%d bloggers like this: