Geguritan Lintang WM (Kedaulatan Rakyat, 10 Juni 2022)
ELEGI SAWIJINING WEKTU
.
apa sliramu isih kuwawa ngenam gunem
nalika wengi amem kalindhih hawa adhem?
.
ing njaba keprungu kumrisike walang kayu
kadhangkala diselani ocehe kedasih ing pang randhu
ngguratake elegi sing sasuwene iki ora mbokngerteni
kegawa ati mengangah sauruting wanci
nganti sapa wae mboklolohi ukara
gawe morak-mariking crita
.
mesthine sliramu ngerti, sumitra
geguritan sing dakdhedher ing plataran
kuwawa mbabar makna ketang prasaja
lajere paseduluran ora gampang pethal dieluk kahanan
adoh saka rasa cecengilan lan cecongkrahan
.
apa sliramu isih kuwawa ngenam gunem
nalika wengi amem kalindhih hawa adhem?
.
saka kene, saka papan sing uga ora mbokngerteni
daktampa cuwilan crita kober ngosikake ati
sliramu ngerti-ngerti lunga tanpa pamit
sangu kapitayan mencit sundhul langit
angel ditegesi
.
2021
.
.
.
WENGI IKI SAPA SING DUWE
.
wengi iki sapa sing duwe
nalika rembulan aras-arasen ngumbar sunare
bocah-bocah mung bisa pandeng-pandengan
kawit mau ngenteni lajere wangsulan
geneya wengi mothah diajak kekancan
.
kamangka ing plataran
wis ginambar cetha ing angen-angen
dolanan gobagsodor utawa jelungan
egrang utawa playon oyak-oyakan
tanpa wedi sayah lan kadhemen
uga tetembangan lagu-lagu kamardikan
sadurunge wengi ninggal impen murahan
.
wengi iki sapa sing duwe
nalika peteng nyandhet jangkahe sapa wae
bocah-bocah angluh ing ngarep lawang
nyupatani kahanan sing ora bisa dienyang,
“Yen wengi kebacut-bacut kaya ngene
ana ngendi nyeleh rasa sing samesthine?”
.
wengi iki sapa sing duwe
aku lan kowe kangelan mangsuli
awit kahanane pancen angel diwerdeni
.
2021
.
ELEGI SAWIJINING WEKTU
Leave a Reply