Amien Trisunu, Cerkak, Kedaulatan Rakyat

Tukon

Tukon - Cerkak Amien Trisunu

Tukon ilustrasi Joko Santoso (Jos)/Kedaulatan Rakyat

1
(1)

Cerkak Amien Trisunu (Kedaulatan Rakyat, 29 Oktober 2021)

DINA Minggu esuk, aku lan rombongan menyang Purworejo kanthi nyarter bis. Aku, Bapak, Simbok, Pak Lurah, lan brayat kulawarga liyane. Ubarampe kanggo lamaran wis daksiyapke seminggu kepungkur. Oleh-oleh uga wis cemawis. Ora suwe maneh aku bakal mbangun kulawarga karo kenya ayu kang aran Ningsih. Nanging ora dakpungkiri, ing atiku ana rasa kuwatir mbok menawa lamaranku ora ditampa.

Lakune bis wis tekan Purworejo. Bis nuli mlebu desa tumuju omahe Ningsih. Tekan plataran omahe Ningsih wis akeh wong padha mapag tekane rombonganku. Nanging ing kono aku ora weruh Ningsih. Mbok menawa Ningsih isih ing njero omah. Aku lan rombongan banjur mlebu omah. Atur lamaranku diwakili dening Pak Lurah. Atiku dheg-dhegan. Yen ndeleng kahanan ing kono, koyone bapakne Ningsih bakal nampa lamaranku.

“Nak Lardi saestu badhe dhaup kalih Ningsih?” pitakone bapakne Ningsih.

Aku manthuk kanthi mantep. Sanalika Ningsih katon metu saka kamare. Kabeh padha ngematke Ningsih. Kenya ayu kuwi tambah ayu nganggo kebaya brokat rupa ijo pupus lan jarik bathik sogan. Mripate blalak-blalak, kulite kuning nemu giring, yen lagi mesem ana lekik ing pipine. Sapa sing ora kesengsem marang dheweke.

Ningsih lungguh njejeri bapakne. Ningsih manthuk marang Pak Lurah minangka tandha kurmat kanthi esem kang manis. Sabanjure Ningsih nglirik aku. Aku kang dilirik dadi salah tingkah mung bisa mesam-mesem.

“Ndhuk, apa lamarane Nak Lardi mbok tampa?” pitakone bapakne Ningsih.

Ningsih katon isin, mesem, ndhungkluk, terus manthuk. Pyaaar! Atiku lega. Seminggu kepungkur aku wis omong marang Ningsih yen aku bakal nglamar dheweke dina iki.

Baca juga  Beau Memilih Diam

“Alhamdulillah!” pambengoke rombonganku.

Pak Lurah manthuk-manthuk karo nyalami bapakne Ningsih lan ngaturake panuwun amarga nampa lamaranku.

“Nanging kula wonten panyuwunan. Kula nyuwun tukon kangge anak kula satus yuta,” bapakne Ningsih ngingetke aku kang isih mesam-mesem marang Ningsih.

Sanalika esemku dadi kecut, dumadakan aku watuk-watuk tanpa sebab. Dakdeleng Ningsih isih mesem marang aku. Nanging dakrasakke eseme dadi esem kang sinis. Apa mung rumangsaku?

Aku clingak-clinguk. Bapak lan simbokku katon kaget. Pak Lurah manthuk-manthuk. Ati kang maune adhem sanalika dadi panas.

“Pripun, Nak Lardi?” pitakone bapakne Ningsih.

Aku ndelengke maneh bapak lan simbokku. Dhuwit saka ngendi satus yuta kuwi? Sanadyan saiki aku dadi mandhor ing pabrik, nanging dhuwit satus yuta kuwi ora sithik. Yen kudu adol sawah, sawah mau kanggo golek menir wongtuwaku. Yen utang bank, aku ora kuwat olehe nyaur. Ora ana ukara sing metu kanggo mangsuli pitakone bapakne Ningsih. Aku bingung arep mangsuli apa.

“Nggih niki dados penggalihan kula sak rombongan nggih, Pak. Benjing kula kabari, saged mbotenipun kagem tukon satus yuta niku,” ngendikane Pak Lurah ngadhemke kahananku sing lagi panas.

Sawise masrahke ubrampe lamaran lan oleh-oleh, aku lan rombongan banjur mulih menyang Yogya. Ing sadawane dalan atiku kemropok. Bapak, Simbok, uga brayat kulawargaku katon susah.

“Dipikir sing tenanan, sesuk esuk ngabari aku,” ngendikane Pak Lurah sawise mud hun saka bis karo ngepuk-puk pundhakku sing pegel merga kahanan.

“Nggih, Pak, matur nuwun.” Aku nyalami Pak Lurah kang arep kondur.

Sapungkure Pak Lurah, Bapak lan Simbok katon pasrah. Aku sadhar yen ora bisa meksa Ningsih dadi sisihanku. Aku kudu lila ngeculke dheweke. Mbok menawa tukon satus yuta kuwi kanggo nolak lamaranku kanthi alus.

Baca juga  Lelaki Berdasi

Jaman semana, aku ketemu Ningsih nalika dheweke nglamar gaweyan ing pabrik anggonku nyambut gawe. Wektu iku aku durung dadi mandhor. Lamarane Ningsih ditulak. Aku mesakke weruh Ningsih kang gela merga ora ketampa nyambut gawe ing pabrik.

Ndilalah aku kelingan yen ana lowongan ing pabrik bathik ora adoh saka pabrik anggonku nyambut gawe. Ningsih banjur dakkon nglamar ing pabrik bathik kuwi. Sawise ketampa ing pabrik kuwi, Ningsih arep nggolek kos. Sing nggolekke papan kanggo kos uga aku. Nanging kuwi crita mbiyen, sing kudu dakeklaske.

Dina Senin esuk Pak Lurah wis jagongan karo Bapak ing latar. Aku nuli methuki Pak Lurah. Aku matur yen ora saguh mbayar tukon satus yuta. Trima aku ngeculke Ningsih.

“Ya wis, yen kowe ora saguh. Sing sabar, ya! Ningsih dudu jodhomu. Supaya bapakne Ningsih ora gela, aku sing bakal ngrabi Ningsih. Aku saguh mbayar satus yuta kanggo tukon bocah ayu kae,” ngendikane Pak Lurah dakrasakke kaya bledheg ing mangsa ketiga.

“Pak Lurah badhe ngrabi Ningsih?” pitakone bapakku nggumun.

“Nggih, Pak. Dhuwit satus yuta sampun cemawis,” wangsulane Pak Lurah.

“Lajeng… Bu Lurah, pripun?” pitakone bapakku maneh.

“Bu Lurah sarujuk yen Ningsih bakal dakrabi kanthi siri,” wangsulane Pak Lurah tansaya gawe panas atiku.

Pak Lurah pamit bakal nglamar Ningsih menyang Purworejo.

“Sing sabar lan ikhlas, Le,” ngendikane Bapak kaya neteske banyu marang segara geni ing dhadhaku. ***

.

.

Amien Trisunu, S.Pd. Guru ing SD Negeri Gambiranom, Depok, Sleman.

.

.

Loading

Leave a Reply

error: Content is protected !!