Cerkak, Fadmi Sustiwi, Kedaulatan Rakyat

Kinanthi

Kinanthi - Cerkak Fadmi Sustiwi

Kinanthi ilustrasi Joko Santoso (Jos)/Kedaulatan Rakyat

3
(2)

Cerkak Fadmi Sustiwi (Kedaulatan Rakyat, 12 November 2021)

ALON-ALON aku mlebu latar. Kok tintrim? Senajan jagongan kumpul-kumpul nanging kaya-kaya ora ana wong ngobrol apamaneh gojegan. Apa merga padha nganggo masker banjur ora ana sing guyon?

Ana kedadeyan apa? Kaya-kaya aku mung lunga sewengi, nanging kok ana kedadeyan sing aku ora ngerti lan aku ora dikabari? Ana apa karo Ibu sing tak tinggal nang dalem dhewe? Aja-aja Ibu…

Setengah mlayu aku arep mlebu ngomah. Swara gemrenggeng wong maca tahlil ngendheg lakuku, tekan ngarep lawang. Apamaneh ruwang tamu kebak wong padha salat. Lha iki rak daleme Ibu, dudu mejid utawa musala kok padha salat nang kene?

Nang pojok aku weruh Ibu lenggah. Ana banyu kang mili nang pipine. Ibu muwun tanpa swara. Lan Mbak Sekar, mbakyuku, nglumpruk ana pangkone Ibu kang lenggah kursi. Kok Hana karo Hani anak kembare Mbak Sekar uga ora ketok? Nang endi bocah kembar dhampit kang sok gawe kangen kuwi?

Aku ora sida mlebu, ora kuwat meruhi kahanane Ibu lan Mbak Sekar, milih tleser-tleser metu. Muga-muga wae Ibu durung priksa. Lan Mbak Sekar senajan mripate nyawang njaba, nanging aku mangerteni pandengane kosong, ngalamun. Lan sapa wae mesthi ngerti, menawa aku, Kinanthi, ora bisa ngadhepi tangis. Atiku bakal runtuh, menawa ana wong nangis, nangis ngglolo utawa ngrerintih nang ngarepku. Aku ora bakal tahan. Senajan sadurunge aku nesu mamprang-mamprang, menawa sing gawe nesuku pamer tangis, aku bakal teluk.

***

Aku pilih mojok ana pinggiran omah karo nyawang tamu-tamu kang mung teka, nyalatke, lan banjur kondur. Rasane kok mamring banget ya? Aku dadi gela sebab ora ngampingi Ibu kang mesthi nandhang susah. Apamaneh mau weruh Mbak Sekar kang katon nglokro banget. Malah mripate katon mbendhul, sajak sewengi nangis. Mas Teja sisihane Mbak Sekar?

Baca juga  Pelajaran Kedua dan Ketiga

Rasane pikiranku kesel. Kepengin nyedhaki Ibu nanging aku ora bakal saguh nemoni Ibu lan Mbak Sekar kanthi kahanan kaya mengkono. Ujug-ujug mripatku nyliring karo jejer priya kang nyandhang sarwo ireng, lungguh ana pojokan, dhewe. Sajake pikirane uga buneg. Bola-bali tangane nangkup lan nutupi raine, banjur unjal ambegan landhung.

“Lho kuwi rak Mas Bagus,” batin atiku. Senajan mau keranta-ranta meruhi kahanane Ibu lan Mbak Sekar kang sedhih, saiki atiku mbalik seneng weruh dheweke. Priya kang taktresnani. Kenangapa esuk-esuk wis tekan kene? Apa kaya janjine mbiyen bakal menehi ‘kejutan’ marang aku? Nanging kengangapa dheweke nangis?

Alon-alon aku nyedhaki anggone lungguh. Taksawang, tangane katon teles. Mas Bagus nangis tanpa swara?

Aku lungguh ana ngarepe, Mas Bagus isih nutupi raine. Ana swara alon nang selane tangise. “Kenangapa aku ora tanggap? Lan kenangapa aku ora bisa gawe senenge atimu… Aku malah nglarani atimu tanpa bisa mbokapura maneh. Kaya kang mbok pratelakake nalika pungkasan ketemu… Aku mung gawe susahmu… Ngapusi sliramu kanthi janji-janji manis, nanging aku ora setya marang sliramu. Malah aku mbeling, slingkuh marang sesambungane awake dhewe… saiki aku gela, gela banget….”

Pangrintihe Mas Bagus kang lungguh ana ngarepe njalari atiku malah kemropok weruh priya mau. Rasane pengin takkruwes rai kang ditutupi tangane. Nanging ngapa priya kuwi ujug-ujug ana papan kene. Priya kang wis njuwing-njuwing atiku nganti ajur mumur. Priya kang wis njalari atiku peteng lan buneg, malah nganti ora duwe pengarep-arep maneh?

Priye atiku ora ajur mumur, nalika aku nunggu janjine arep mapag aku nganti sore ora teka. Saiba kagetku nalika seka angkutan aku weruh dheweke mlaku rangkulan karo kenya, metu seka bioskop, sore kuwi. Untung wae aku ora muntab lan untung wae angkutane alon-alon, ngenteni penumpang. Kanthi sareh sesawangan cetha mau takfoto nganggo handphone. Nalika bengine dheweke mara kanthi alesan keturon, aku meneng wae. Aku mung nuduhake gambar seka handphone. Ora mung njalari klincutan nanging uga ora bisa selak wis tumindak ora jujur. Sesambungan kang wis rembug tuwa kuwi wusanane tak[1]wurungke rembuge.

Baca juga  Durna Edan

Ning cetha atiku ajur mumur. Tresnaku wis taksuntak kabeh marang dheweke. Nyatane ora kaya kang dikandhakake sasuwene iki. Apa aku salah menawa duwe panyangka sejatine dheweke mung arep ngereti aku?

Kelingan sakabehing kedadeyan, cepet taktinggalke papan kono, sadurunge dheweke weruh aku. Aku kudu ngampingi Ibu.

***

“Ibu…” Aku mbengok nalika weruh Ibu digandheng metu lan digoceki Mbak Sekar karo Budhe Laksmi. Ibu mengo, lan sauntara nyawang aku. Nanging mung mendel wae, malah banjur tindak menyang latar, jumeneng cedhake krendha kang isih dipikul nak-sanak lan tangga teparo.

Aku isih durung ngerti. Nanging pungkasane mlongo, nalika Pak Kamal, takmir mejid miwiti kanthi ngucap: innalillahi wainnailaihi rajiiun, sampun kapundhut wonten ngarsane Gusti Ingkang Maha Agung, adhik kita Kinanthi binti Sutomo kala tabuh kaping sedasa dalu…

Bubar pratelane Pak Kamal kang durung rampung, aku wis ora krungu candhake maneh. ***

.

.Kinanthi. Kinanthi. Kinanthi. Kinanthi.

Loading

Average rating 3 / 5. Vote count: 2

No votes so far! Be the first to rate this post.

Leave a Reply

error: Content is protected !!