Dening Gampang Prawoto (Radar Bojonegoro, 14 November 2021)
1.
Banjir iku wis borok mati rasane
Ombere bengawan nerak bale somah
Jembare sawah tegal alelerak banyu
Ombak ngosak asik sakabehing tanduran
Ngungsi iku siji sijining dalan pilihan
Emane panen pari ming kari aran
Gerdhu gerdhu bencana siap siaga
Obat obatan, pangan uga sandhangan
Rendheng ora ndhodhok ketiga ora cewok
Onya sakabehing mangsa ning ora dirasa.
.
.
.
2.
Biyen nate kondhang kaloka
Oyot bako ngelung nggodhong kamakmuran
Jati nyengkerem watu watu curing
Oncor giring yogene melu dadi blandhong
Nandur lan negor wis tanpa petung
Ewasemana banjir bandhang nrajang padesan
Gumulung saka gunung tanbinendhung
Owah gingsiring alam ngowahi pranatan
Rajegwesi durung bisa mungkasi
Obah jagad nut ing witing niat.
.
.
.
3.
Banjir bengawan lan bandhang
Oncate mangsa ninggalake kala
Jinejer wenteh wiwit purwaduksina
Ompole widadari ninggalake pesing
Nresep rumesep dadi sarining bumi
Eram pangeram letheg dadi rebutan
Gana gini, gawan apa oleh bebarengan
Otot pethenthengan ngelah panduman
Repet esuk ngoncati dhedhet wengi
Olehe sapikul kari sagendhongan.
.
.
.
4.
Budi daya iku srana
Obah kang jalari mamah
Janji janji ”nyata anane”
Ora ming kumecap sapucuking lathi
Nglenyer iku kahannane dalan saiki
Eling elinga nalika jaman duksina
Grogalan lan linet nate diliwati
Oncating paving, beton cor nyandhing
Rineksa rinengga ratu jejer satriya
Oh tumiba “pambangunan rata kamakmuran
rinasa”.
.
.
.
Gampang Prawoto. Pegiat Pamursadi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB). Peraih Anugerah Sutasoma 2021 kategori karya sastra berbahasa daerah terbaik.
.
NYATA ANNANE. NYATA ANNANE.
Mbahgampil
Sastra jawa luwih mirasa
Legine tanpa gula
Truntum wardaya