Cerkak Purwadmadi (Kedaulatan Rakyat, 19 Juni 2020)
SUNGSANG bawana balik. Pindha lakune teluh. Nranjang munthesi mungkasi. Teka lunga tanpa tengara. Tamba ora tumama, japa kelangan daya. Kala Rajamala ngamuk punggung, ngrabasa sadhengah kang tinemu. Rajah caraka balik datan kawaca, datan kaweca, sirna ilang lakune janma. Mantra Sudamala gegaman, mantra Singkirmala pengageman, mantra Kalismala pasumbagan. Sri Kresna mandi Kembang Cangkok Wijayakusuma, tan suwala.
“Dhimas Arjuna, adhine pun kakang, yayi. Kembang Cangkok Wijayamulya ora bisa tumama. Coba siadhi enggal ngagem Lisah Jayeng Katon, golek wisik sapa kang satemenÈe dadi sumbering pageblug.”
Sigra Sang Ajurna mangsah, manjing ing pamujan menekung sihing bathara. Nonyah nayuh titi kala, dayane Lisah Jayeng Katon, nuli kapiyarsa wujude mala, sak endhoging pengamun-amun agengnya. Tanggap ing sasmita Nata Dwarawati enggal mandi sanjata Cakra, linepasake ing telenging mala ancur mumur kebadhaharan dados Bathara Kala.
Keprak. Gamelan wirama playon. Sampak seseg ambal-ambalan. Swara gamelan keprungu rome, seru, lan cepet wiramane. Kelir, tan sabawa lumisik, anyep adhem ayem. Sigeg. Suwuk.
“Elek. Nggladrah. Anyep. Ora ana nges babar blas.”
“Inggih, Rama Guru.”
“Wayang mandheg, wayang temancep, Janaka mandheg, Kresna mbegegeg, Bethara Kalane ya sak nyuk ngugak njuk kontal merga Cakra, sanajan lehmu jantur, lehmu nyandra nganti methetheng kaya yak yak-a, ya tetep anyep. Pakeliran kuwi tontonan gerak, obahing ringgit, dudu adeging ringgit, sing main dudu ming cangkeme dhalange. Kowe arep dadi dhalang micara, pa? Sastramu ki elek, mawut. Suwaramu ki cekak, ngepres. Wis bola-bali tak kandhani, dadiya dhalang sabet.”
“Inggih, Rama Guru.”
“Kowe ki nggah-nggih ora kepanggih.”
“Sabet niku angel.”
“Jeneng angel merga kowe ora gelem kangelan. KesËt.”
“Inggih, Rama Guru.”
“Baleni!”
Kanjeng Cerma Lebdabargawa, dhalang sepuh nembe mejet Cerma Waliman, dhalang mudha kang nembe ngangsu kawruh pakeliran ing daleme sang empu, Dhusun Kweni. Waliman sepasar kepungkur, kadhawuhan gawe sanggit pageblug. Bareng wus rumangsa samekta, dina iki ngaturake sanggite ing ngarsane sang guru. Kabeh siswa Kweni ora ana sing dialem, anane dicacat. Pangadikane Kanjeng Cerma Lebdabargawa mesthi nylekit, pedhes, tur tanpa tedheng aling-aling. Nanging, kabeh dhalang mudha kang meguru ing Kweni malah kangen diundhat-undhat, didukani, lan dicacat sang maharsi pakeliran. Kepara yen dipisuh-pisuhi, malah kaya entuk nugraha jamu kang ndayani.
Saben dina Senen lan Kemis, saka wanci awan tekan wengi, Ki Cerma Lebdabargawa nampa tumekane siswa dhalang. Sanajan kalebu dhalang kondhang lan laris, Ki Cerma Lebdabargawa ora nate kersa tampa ayahan ngringgit ing dina malem Selasa lan malem Jemuwah. “Senen-Kemis pasa. Ngaso. Laku sudamala. Menungsa ki yanganggo ngising, ora mung mangan terus. Nuruti karep mangan, isa kemlekeren,” ngendikane marang para dhalang mudha.
Mula saben dina Senen lan Kamis akeh kang sowan meguru. Wulan iki, Ki Cerma Lebdabargawa paring andharan bab lakon Sudamala, Durga Ruwat, Sedewa Ruwat, lan lakon-lakon wayangan ruwatan. Ruwat Sukerta lakon Murwakala lan Ruwat Bumi, mapak tunggak lakon Mikukuhan. “Tumrap wong Jawa, wayang ruwat ora winates reka sudamala utawa subrasta mala, nanging uga japa sadurunge katemah memala. Endha mala,” wejange dina Senen kepungkur.
Dina Kemis malem Jemuwah iki lagi Cerma Waliman kang sowan. Kanca niyaga kang teka ya ora pepak. Mula, Ki Cerma Lebdabargawa kersa ngasta kendhang. “Baleni, Man!”
“Inggih Rama, Guru.”
Cerma Waliman tatatata. Dhodhogan geter. “Tumekane pageblug. Pleseh.”
Gamelan munya mangungkung. Wayang Bethara Kala ngamuk punggung, gawe bosah-baseh. Diobrak-abrik, gawe sungsang bawana balik. Saben ketemu satrinya diuntal malang, dibanting, dibuwang, ditendhang, kapilara. Ora ana kang bisa suwala. Mahapralaya, pleseh mati kabeh, bathang tumpuk undhung.
“Tetep elek. Sabetmu budheg, bisu. Ora muni. Kuwi dudu sanggit pageblug. Kuwi sanggite buta ngamuk. Dhalang kuwi kudu ngerti wasita kang sinandhi. Pageblug dudu perkara wantah. Mula ana lakon Sudamala, Murwakala amrih manungsa tepung sejatine mala. Mala iku manjing ing telenging rasa batin, dudu perkara wantah. Subrastane nganggo sarana batin, Man. Wis kowe rasah dadi dhalang wae, Man. Percumah.”
“Inggih, Rama Guru.”
“Cerma Waliman, dina iki dingaren para dhalang dha ora teka mrene?”
“Sami teng nggriya, Rama Guru. Arasarasen, pleseh.” ❑-o
Karangjati, 2020
![]()

Leave a Reply