Cerkak Simon Sudarman (Kedaulatan Rakyat, 13 Mei 2022)
DARMA GANDUL ngarepe magrib dadi gawe tangga teparo. Mung merga adus kesoren lan lali ora nganggo banyu panas, ndadekake awake adhem panas. Awake wus diblonyo lenga putih, nanging tetep wae awake ndredek. Kemul cacah telu durung uga ngilange rasa ademe.
“Piye yen digawa nang rumah sakit wae?” Sura Kuncrit kanca kenthele menehi usul. Bojone sing disawang Sura Kuncrit dijaluki rujukan mung meneng. Dheweke wus wanuh banget karo prastawa kaya mangkene iki. Wus wola-wali Darma Gandul kena apa wae sing marakake dadi gawe, nanging tetep ora gelem digawa menyang rumah sakit.
“Ngapa ndadak digawa nang rumah sakit? Aku iki ora lara! Aku ki luwih ngerti, dudu kuwi sumber penyakite. Nengna wae! Mengko nak ya mari dhewe!” wangsulane Darma Gandul kanthi ati sing mbegegeg atos.
Yen kelingan iku kabeh, bojone malah dadi bingung dhewe. Dipeksa kaya ngapa, yen dudu karepe dhewe mesthi wae Darma Gandul ora gelem. Darma Gandul isih dirubung tangga.
“Piye, Bu?” Sura Kuncrit takon maneh.
“Kowe ki ngerti apa, Crit? Sing lara ki sapa?” wangsulane Darma Gandul sengol.
Krungu guneme Darma Gandul, kabeh wong meneng ngorong-orong kepidak. Bojone lega. Dheweke apal, yen bojone wus nyuwara atos campur nylekit sing wus dadi padatane iku, pertandha yen awake wus kepenak. Apamaneh, Darma Gandul sing maune turon, saiki wus tangi lan age-age njaluk wedang.
Wong sing ngrubung siji mbaka siji padha bali menyang ngomahe. Kaya-kaya uga wus ngerti yen Darma Gandul wus ora mbutuhke liyan maneh. Tundhone yen tetep nunggoni, malah kena sembure Darma Gandul.
“Nak kowe rasah lung dhisik, Crit! Kene wedangan karo aku! Durung mesti nang ngomahmu ana wedang, ta?” penjaluke Darma Gandul.
Sura Kuncrit ngalah. Kabeh omongane Darma Gandul ora dirasa maneh. Yen kabeh dirasa, wus kawit biyen atine entek krungu swarane Darma Gandul sing asring nyemoni campur nylekit kuwi.
“Walah, Bu! Kowe ki durung kober apa piye anggone nggodhog wedang?” celatune Darma Gandul nalikane nyekel gelas nanging wus ora panas maneh.
Bojone ora semaur, age-age lunga ngono wae tumuju pawon nggodhog wedang sagelas wae kareben cepet tinimbang krungu swarane bojone tanpa pedhot.
Prastawa Darma Gandul ngrasakake awak ora kepenak mbuh mergane apa, wus wola-wali kedadeyan. Mung wae, dheweke tetep mbegegeg, ora ngakoni lara. Dheweke kandha iku kabeh sandhangane wong urip. Awak adhem-panas, kepleset nang kamar mandi, utawa tiba saka pit montor, kuwi sandhangane wong urip. Nalikane dikandha yen kabeh mau kedadeyan amarga umur sing wus sansaya tuwa, age-age dheweke nu[1]lak.
“Kuwi bisa disandhang sapa wae tanpa ngetung umur! Mbuh tuwa, mbuh bocah, mbuh enom, bisa wae!” Darma Gandul babar pisan ora sarujuk karo penemune Sura Kuncrit sing tansah setya ngancani dheweke sing pancen dadi kaca kenthele iku.
Akeh wong padha gumun karo Sura Kuncrit sing sanajan asring kena ulat peteng lan swara landhepe Darma Gandul, tetep wae sabar ngadhepi. Yen krungu kabeh mau, dheweke mung mesem, mesem nang njeron ati kareben ora bisa disawang. Sanajan asring kena swara landhep lan ulat peteng, nanging Darma Gandul iku kalebu loma, calcul dhuwit sanajan anggone menehi kanthi sengol.
Bojone Darma Gandul dhewe ya seneng anane Sura Kuncrit, sanajan kudu kelangan dhuwit, nanging dheweke ngakoni, yen Sura Kuncrit iku sing bisa nyrateni atine bojone. Darma Gandul dhewe yen rada suwe ora nyawang Sura Kuncrit mesthi ditakokake sajak kaya wayang kelangan gapite.
Liya dina sabubare dolan nganggo pit montor boncengan karo Sura Kuncrit, Darma Gandul pengin diterke menyang rumah sakit sawise rampung madhang. Penjaluke Darma Gadul iku banget ndadekake bingung bojone lan Sura Kuncrit. Dheweke sing cetha-cetha waras-wiris, kok dumadakan njaluk diterke nang rumah sakit. Bojone sengaja ora nggape. Sura Kuncrit sajak banget ngrasakake udude bal-bul.
Nyawang Sura Kuncrit sing katon nan[1]jakake banget anggone udud, Darma Gandul uga pengin disuletke udud. Saiki sakloron padha bal-bul nyamleng. Nyawang kuwi, bojone rada lega kanthi pandonga muga-muga Darma Gandul lali karo penjaluke sing pengin diterke nang rumah sakit iku. Nanging iku kleru. Darma Gandul njaluk maneh kon ngeterke nang rumah sakit. Dheweke kandha yen lara. Omong mangkono sinambi cekat-ceket nganggo jaket barang. Darma Gandul wus ora bisa dipenggak maneh.
“Kowe ki lara apa, Pakne?” pitakone bojone sinambi ngetutake saka mburi.
Darma Gandul ngetokake pit montor. Bojone diboncengake lan Sura Kuncrit dikon ngetutake saka mburi. Dheweke babar pisan ora nggape pitakone bojone.
Tan kocapa nalika tekan rumah sakit, malah bojone sing dikira lara. Bojone digawa menyang IGD.
“Wooo, wong edan kabeh! Sing lara kuwi aku!” Darma Gandul bengok.
Krungu pambengoke Darma Gandul, sakloron petugas malah dadi gumun. Darma Gandul meksa yen dheweke iku sing lara lan kudu dipriksa. Petugas ora bisa suwala maneh tinimbang diumyeng-umyeng lan mripate bojone kedhep sesisih.
Nalika dipriksa ana ing ruwang IGD dening dhokter. Ganti dhokter sing kena lantipe swarane Darma Gandul sawise kandha yen dheweke iku waras-wiris.
“Wo, dokter kok ora ngerti apa-apa. Aku iki mrene pengin obat sing bisa marekake lelaraku sing wus tak rasakake kawit biyen. Yen sumber lelara kuwi ora diilangi, mesthi wae aku suwening suwe mati. Aku iki lara kanker, Dhok,” kandhane Darma Gandul yakin.
Dhokter lan para petugas padha kaget, semono uga bojone lan Sura Kuncrit.
“Terus sing dirasa napa Pak? Niku kanker napa?” pitakone dhokter semu mesem.
“Aku iki kena kanker umur. Ya umur iku sing ngrogoti awakku sing tembe mburi mesthi aku bakal mati. Apa ora ana obat sing bisa ngedegake umur, Dhok?” pitakone Darma Gandul kebak pengarep-arep.
Krungu kabeh mau, wong nang ruang IGD iku padha mesem kalebu dhoktere. Dhoktere mung maklum, amarga Darma Gandul wus kalebu ngumur. ***
.
Kanker Umur. Kanker Umur. Kanker Umur.
![]()
Leave a Reply