Akhir Lusono, Cerkak, Kedaulatan Rakyat

Kesrimpung Sarung

Kesimprung Sarung, Cerpen Kedaulatan Rakyat

Kesimprung Sarung ilustrasi Joko Santoso (Jos)/Kedaulatan Rakyat

1
(1)

Cerkak Akhir Lusono (Kedaulatan Rakyat, 11 Maret 2022)

JENENGKU Ningrum. Komplite Prasetyaningrum. Manut critane bapakku natkala aku isih cilik, jeneng mau kanggo pangeling-eling dimen anggone bangun bale wisma karo mantan wanodya sing dipacari, tansah setya. Mula nalika aku lair dijenengi Prasetyaningrum.

Ora mung jeneng sing apik dirungu lan tinulis. Nanging aku tansah muji sokur marang Gusti Kang Maha Wikan miturut wong akeh aku kalebu wanita kang ayu. Jumbuh karo sing ngarani wong akeh. Saben aku dandan lan ngaca pancen aku dhewe ya ngarani yen aku iki ayu.

Raiku lumayan alus, ora ana kukule. Senajan anggonke ngrawat ing salon ora pati ajeg. Luwih sokur meneh bab pakaryan utawa gaweyan aku uga monjo. Karierku ndedel. Saya suwe saya ninggalake kanca-kancaku sing isih panggah dadi karyawan biasa.

Aku wis disengkakake ora sabaene. Wiwit staf biasa, munggah asisten manajer mung udakara setaun. Munggah dadi manajer mung nganggo wektu siji setengah taun. Bar kuwi wakil dhirektur perusahaan. Malah kepara saiki wis dadi dhirektur utama.

Jiyan kaya-kaya suket godhong dadi rewang. Jabatan kok anggonku nggayuh gampang banget. Kamangka liya-liyane rumangsaku angel. Kepara malah ana sing nganggo dalan peteng barang. Ana uga sing nyogok.

Kanthi gaweyanku sing wis dadi wong nomer siji ing perusahaan kulit ing kutha Kramakarta iki tansaya akeh sing nyedhaki aku. Ora wadon ora priya. Kabeh pengin caket karo aku minangka pimpinane.

Mbokmenawa kanthi cedhak karo aku, para pegaweku kuwi darbe gegebengan bisa melu mulya lan bakal lancar anggone golek rejeki. Kabeh kok padha manut. Malah kepara aku urung njaluk tulung, akeh-akehi wis rebutan pengin ngrampungke gaweyan ing ngarepku.

Baca juga  Penjual Kesedihan

“Ora sah dha rebutan, ta. Nyambut gawe kok dha rebutan,” ngono panyaruweku marang Pardi lan Parno karyawanku.

“Ek…em… Boten kok, Bu,” sakloron sajak klincutan sajak isin.

Kedadeyan kaya mangkono mau saben-saben tak rangguli. Ana-ana wae alasane. Minangka dhirektur aku isa mbiji apa kang sejatine dilakoni karyawanku sing dha rebutan ngrampungke gaweyan.

Apameneh yen ora pengin golek rai. Kamangka aku dhewe malah saya wegah. Aku paling emoh lan mung prihatin marang polahe karyawan sing mung mempeng kerja yen ana dhirekture. Nyambut gawe cepet lan sat-set uga ngerti apa kabutuhane pimpinan. Dadi dudu karyawan sing isane mung ndilat utawa ngolor.

Awan kuwi aku dhewekan. Ana ruwangan kantorku sing ditata sarwa ana. Kursi ora mung prasaja. Ananging sofa kang memper sofane para anggota dhewan. Luks, empuk mendut-mendut. Kaya-kaya bisa nguncalke bokong yen anggone lungguh ora alon-alon.

Atiku kok rumangsa kothong awan kuwi. Adheme AC ing ruwangan durung isa gawe jenjem anggonku lungguh. Acara TV 32 inc ing ngarepku malah marahi emosi. Apamaneh acarane mung wong dhemo UU KPK.

“Hemm… ngapa ya atiku kok goreh. Pancen ora sabaene. Ananging apa iya merga perkara kuwi sing marahi aku kaya wong edan?”

Aku ngudarasa kahanan kang lagi taksandhang. Pancen wektu-wektu pungkasan aku rumangsa kangen marang karyawanku lanang sing dadi tukang resik-resik. Klebu resik-resik ruwanganku.

Nyambut gawe ora grusa-grusu. Sregep lan resikan. Senajan mung tukang sapu, yen nyandhang nganggo katon digatekke tenan. Dadi ora nglomprot. Guneme ya alon ora yak-yakan. Ana kedadeyan mau esuk. Jan elok marahi aku nratab.

Wektu kuwi kacu sing daknggo ngresiki pipi kecer. Welha kok ndilalah, nalika aku arep njupuk bebarengan karo dhewekne ya arep njupukke. Tundhane tangane tanpa sengaja dakcengkerem ngono wae.

Baca juga  Penjual Bunga

“Aduh, Bu, nyuwun ngapunten. Boten sengaja,” guneme sajak keweden karo ngewel.

“Ora papa. Wong ora njarag, kok.” Muni ngono kok rumangsaku dhadhaku seseg. Mengkap-mengkap. Dakkipatke rasaku sing aneh lan ora biyasane.

Dhirektur karo tukang sapu? Edun, ora mung edan. Apa ya bakal klakon? Aku ngangkah duwe pacangan menteri wae kelakon. Ora-ora. Iki mung rasa kang neneka tanpa tandha. Rasa sing njambret salah, dadi bener.

Dina terus mrambat, ganti wulan lan taun. Rasa kang tumunjem ing atiku tansaya ngrajang. Nyuwil lan ngiris ati. Gawe perih lan lara. Merga rasa mau nganti aku ora bisa nyawang wong bagus lan priyayi kang jabatane dhuwur. Nganti seprene aku isi panggah dhewe. Saben wong lanang nglirik lan mesem, kepara takanggep ngenyek.

“Dhuh Gusti, napa salah kula. Geneya wonten lelakon ingkang kados mekatan. Raos ing batin tansaya boten saged kacandhet. Boten saget kula kurungi amrih boten suwala. Kenging menapa priya ingkang makarya dados berah tukang sapu tansaya manjing ing tlapukan mata? Winarno ingkeng kula undang Win menika tansaya nggodha manah kula. Saged milut pindha pulut. Manah kula saged dipun-glibeng. Satemah kados mili banjir katresnan. Napa salah kula nandhang tresna?”

Dina iki dadi dina kang gawe aku sajak mangu-mangu. Antarane arep nggugu asile anggonku salat istiqarah, apa nuruti logika kaprah lan nalarku?

Gorehku sundhul langit. Memper ngisi ujian pilihan B lan S. Ngomong lan ora. Biyungalah yen dirasa saya abot lan mumet. Apa ngene iki rasane tresna marang priya? Adhuh sirahku kok dadi yeng-yengan, kaya arep migrain.

“Ya wis mumpung Winarno durung teka. Tinimbang aku goroh marang atiku. Taksuntakke apa sing mapan njero ati. Ndhak marai budreg!”

Baca juga  Kuwatir Ketularan

Prasetyaningrum banjur duwe tekad bakal nyuntak tresnane marang Winarno. Ruwangan kang saben dinane kanggo makarya kuwi bakal dadi seksi. Sofa, meja, tivi, kamar mandi, lukisan, lan pepaes ing ruwangan iku bakal dadi seksi anggone Prasetyaningrum mijilake rasa kang nggubet.

Prasetyaningrum wis kesrimpet sarung. AC ing ruwangane saya dicilikke derajat celsiuse tekan 16 drajat. Dadi ya adhem. Nanging isih krasa panas. Mbok menawa kedudul rasa gembrebeg saka njeron awake Ningrum. Lungguh, ngadeg, lungguh meneh lan ngadeg.

Saiki wis jam 07.00 WIB. Adat saben Winarno jam samono wis teka lan rampung resik-resik. Ora let suwe dumadakan ana kang ndhodhog. Prasetyaningrum dhadane mengkap-mengkap kaya gunung Merapi sing arep mbledhos.

“Nyuwun ngapunten, Ibu. Kula badhe matur… hghhh… hghh….”

“Iya, Pak Dar, ana apa? Kok sajak kesusu.”

“Em… anu Bu… em… anu.”

“Anu apa? Nek matur sing genah, ta! Ora ona-anu. Sareh sabar. Alon-alon wae! Ayo gek ndang ngomong!”

“Emm, badhe matur Winarno, ingkang pakaryanipun resik-resik menika nemahi kacilakan. Tabrakan. Montoripun ajur mumur. Winarno tilar donya!”

“Apaaaa?” Mak lapppp. Prasetyaningrum ambruk lan semaput! ***

.

.

Akhir Lusono, panyerat mapan ing Bantul.

.

.Kesrimpung Sarung. Kesrimpung Sarung. Kesrimpung Sarung. Kesrimpung Sarung. Kesrimpung Sarung.

Loading

Average rating 1 / 5. Vote count: 1

No votes so far! Be the first to rate this post.

Leave a Reply

error: Content is protected !!